Contoh Naskah Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa


Contoh Naskah Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

Contoh Naskah Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa ini sengaja dibuat dan dibagikan untuk memenuhi permintaan memenuhi tugas sekolah sahabat siswa SMPN 14 Kota Semarang..
Apabila disana - sini masih banyak kekurangannya, mohon maaf yang sebesar - besarnya.
Bagi sahabat yang lagi mencari Contoh Naskah Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa, silahkan simak di bawah ini.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kawula urmati Bapak Kepala SMP N 14 SEMARANG , ingkang kinurmatan para guru, komite sekolah, ingkang berbahagia wali murid lan tamu undangan saha rencang-rencang kelas 7,8,9 ingkang kawula tresnani.

Mangga langkung rumiyin kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kesehatan lan keselamatan dhumateng kita sedaya, sahengga kita saged makempal pinanggih ing acara perpisahan kelas 9 tahun ajaran 2013/2014, ingkang enjang menika.

Nuwun sewu, kula kadhawuhan mewakili kelas 9 ingkang acara perpisahan meniko. Mbok bilih kula anggenipun pidato kathah tuna dungkanipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami, awit kula menika taksih adhapur latihan.

Para rawuh ingkang kawula urmati, kula badhe ngaturaken matur sembah nuwun dhumaten Kepala Sekolah ingkang sampun maringi sarana lan prasarana ingkang cekap sehingga kita saged belajar kanti lancar. Mboten kesupen kula ngaturaken matur nuwun kangge bapak,ibu guru lan warga sekolah ingkang tumut membimbing, mengajar, lan memotivasi dumados kawula kalian rencang sedanten saged ngrampungaken belajar lan angsal ilmu-ilmu ingkang bermanfaat. Kangge bapak ibu, matur nuwun kangge pengorbananipun ingkang sampun nyekolahaken kita ngantos lulus wonten SMP meniko lan kawula sedaya nyuwun doa restunipun kangge nglanjutaken teng sekolah ingkang lewih inggil. Ingkang kaping kalih, kula sedaya ngaturaken pangapunten kangge bapak,ibu guru ingkang sering dados kecewa, nelangsa lan nesu amargi kekhilafan kita sedaya. Kangge adik-adik kula kelas 7 lan 8, tetap semangat kangge belajar lan meraih cita-citanipun.

Namun cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi kathah atur tetembung ingkang mboten mranani penggalihipun. Kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb



Dimohon tidak meninggalkan link aktif karena otomatis terhapus

Dimohon tidak meninggalkan link aktif karena otomatis terhapus
EmoticonEmoticon