Lirik Lagu Tanjung Mas Ninggal Janji


Lirik Lagu Tanjungmas Ninggal Janji
By Didi Kempot

Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati

Semono Ugo Rasane Atiku
Mung Tansah Nunggu Tekamu
Ra Kroso Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen… Kangen’e Atiku

Aku Sik Kelingan Naliko Nang Pelabuhan
Kowe Janji Lungo Ra Ono Sewulan
Nanging Saiki
Wes Luwih Ing Janji
Nyatane Kowe Ora Bali-bali

Ning Pelabuhan Tanjung Mas Kene
Biyen Aku Ngeterke Kowe
Ning Pelabuhan Semarang Kene
Aku Tansah Ngenteni Kowe


Dimohon tidak meninggalkan link aktif karena otomatis terhapus

Dimohon tidak meninggalkan link aktif karena otomatis terhapus
EmoticonEmoticon