Tampilkan postingan dengan label Lirik Campursari. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Lirik Campursari. Tampilkan semua postingan

Lirik Lagu Tanjung Mas Ninggal Janji

Lirik Lagu Tanjungmas Ninggal Janji
By Didi Kempot

Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati

Semono Ugo Rasane Atiku
Mung Tansah Nunggu Tekamu
Ra Kroso Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen… Kangen’e Atiku

Aku Sik Kelingan Naliko Nang Pelabuhan
Kowe Janji Lungo Ra Ono Sewulan
Nanging Saiki
Wes Luwih Ing Janji
Nyatane Kowe Ora Bali-bali

Ning Pelabuhan Tanjung Mas Kene
Biyen Aku Ngeterke Kowe
Ning Pelabuhan Semarang Kene
Aku Tansah Ngenteni Kowe


Lirik Lagu Stasiun Balapan

Lirik Lagu Stasiun Balapan
By Didi Kempot

Ning stasiun balapan
Kuto solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Naliko ngeterke lungamu

Ning stasiun balapan
Rasane koyo wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Da a... Dada sayang
Da... Slamat jalan

Reff:
Janji lungo mung sedelo
Jare sewulan ra ono
Pamitmu naliko semono
Ning stasiun balapan solo

Jare lungo mung sedelo
Malah tanpo kirim warto
Lali opo pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali


Lirik Lagu Campursari Sewu Kuto

Lirik Lagu Sewu Kuto
By Didi Kempot

Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo

Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

Senajan sak kedeping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dodo


Lirik Lagu Sentir Lengo Potro

Lirik Lagu Sentir Lengo Potro
By Didi Kempot

Koor]
(Buukak, warunge wis dibuukak)

Warunge dibuka (byak)
Ditoto sendok cangkire
Panas kebul kebul
Nyamleng tenan wedang rondene

Peteng rememng remeng
Manis manis pelayane
Sentir lengo potro
Ngesir ora biso nggowo

Esemane bakule gawe bingung atiku
Lirikane duh aduh njalari mriang awakku
Iki piye, iki piye, iki piye, (iki iki piye)
Sentir lengo potro sing dipikir kok ora rumongso

reff :
[Koor]
(Buukak, warunge wis dibuukak)

Warunge dibuka (byak)
Ditoto sendok cangkire
Panas kebul kebul
Nyamleng tenan wedang rondene


Lirik Lagu Sengit

Lirik Lagu Sengit
By Manthous feat Nurhana

Wanita :
Bola-bali tak kandani yo mas yo
Bola-bali tak aturi yo mas yo
Kowe lungo awan bengi lali anak lali bojo nuruti karepe ati

Pria :
Tak kandani wanti-wanti yo dik yo
Lungaku golek rejeki yo dik yo
Aku mulih duwite mesti
nJaluk opo tak turuti, kebutuhan tercukupi

REFF :
Wanita :
Sengit aku, sengit aku ala sengit aku
Kepingin marah padamu
Nanging kowe malah nesu
Sing nesu kudune aku,lha kok ra rumongso kleru

Pria :
Nganggo kathok beneke dedel yo dik yo
Wong wedok kakean rewel, kok mesti bawel

Wanita :
Aku gemang mas,
Wong lanang mbok ojo seneng ngumbar wirang

Pria :
Jaran kepang ala jaran kore yo dik yo
Wong lanang menangan dewe, iku jamane

Wanita :
Ela elo mas,
Jo ngono, jo ngono yen tak tinggal cotho


Lirik Lagu Slenco

Lirik Lagu Slenco
by Cak Dikin feat Ami DS

wanita : Mas kangmas namine sinten?
pria : Sakniki dintene Saptu
wanita : Mas kangmas kesah teng pundi?
pria : Sapi kulo pun manak pitu

wanita : Duh aduh jenengan pripun?
pria : Sakniki pun mboten ngalor
wanita : Dene menopo kok wangsung ngidul?
pria : Kulo niki namine sinten

reff
wanita :
Aduuh.. kok njengkelke
Dijak ngendikan kok mrono mrene
Ndadi ora karuan
Estunipun menopo saliwang?

pria :
Kulo mboten udud
Rumiyin kulo ten Suroboyo
Kapan dino jemuah
Kulo mbenjang bade tindak pundi

wanita : Ping kuping walah opo jamur
pria : Ora mungkin mripatku lamur
wanita : Penak meneng ora caturan
pria : Memang aku ganteng tiada tandingan

reff :
kembali ke atas…..

wanita : Penak meneng ora caturan
pria : Memang aku ganteng tiada tandingan
wanita : Penak meneng ora caturan
pria : Memang aku ganteng tiada tandingan


Lirik Lagu Sakit Rindu

Lirik Lagu sakit Rindu
By Manthous feat Nurhana

Luwih becik loro untu
daripada sirahe ngelu
Sakit cinta, sakit rindu
Yen bengi ra biso turu
yen awan ra doyan mangan
amargo tansah kelingan

Betul kowe bener kandamu, cah ayu (halah tenane?)
Ora liyo mung sliramu (opo iyo?)
Rino wengi dadi impenku (halah…)
wani sumpah opo njalukmu
bocah ayu, jo ngguya-ngguyu

Lali anak, lali bojo
Lali wayah, lali petung(thang thung theng thung)
Rasane wong lagi gandrung
Pilih mbacut opo pilih wurung
Yen wurung tak mlebu sarung (halah tenane? - Adem)
[Yen wurung tak trimo-trimo nggantung]

Malaria opo malarindu
sedino koyo sewindu
Neng awak marakke kuru
Numpak dokar mlakune ngulon
Wong sabar mesti kelakon [2X]

Waduh bapak aduh biyung
anakmu koyo wong gemblung
Kapan ndiko paring pitulung
Iwak cucut mlebu neng karung
kebacut alias kadung
ngentekke sawah, ngentekke kalung[tukune pitik, metune gunung]

[ulangi dari awal]